Bahasa lain

Pertanyaan

PIDATO BAHASA JAWA KROMO ALUS

2 Jawaban

  • Assalamualaikum wr.wb


    Ingkang kinurmaten Bapak Kepala Sekolah SMK Negeri, Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati lan sedaya rencang-rencang ingkang kula tresnani.
    Ingkang sepindah, Sumonggo kita sedoyo ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT. Ingkang sampun maringi rahmat serta hidayah, dumateng kita sedoyo dumugi kita saget kempal wonten ing mriki kangge acara perpisahan sekolah kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa-menapa.
    Ingkang saklajengipun, kula ngaturaken matur suwun kagem bapak/ibu guru ingkang sampun maringi wektu kangge kula ing mriki.
    Wonten ing adicara menika, kula nyuwun pangapunten saking bapak/ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten mriki kula mbo menawi gadhah kalepatan ingkang disengojo utawa mboten disengojo lan kula nyuwun donganipun saking Bapak/ibu guru mugi kula sakwise lulus dumugi sukses.
    Mugi-mugi bapak/ibu guru ngapuntenaken kalepatan kula lan maringi dungo maring kula.
    Cekap semanten pidato saking kula, Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

    Wassalamualaikum wr.wb
  • Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

    Hadirin sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

    Wonten ing kesempatan niki monggo kito sedoyo raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi kito kelawan pinten-pinten nikmat lan hidayahipun, sehinggo dinten meniko saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ndugeni undanganipun sederek…. Mugiyo ing dalem kehadiran kito niki dipun ridhai kaliyan Allah swt.

    Shalawat lan salam, mugiyo tetep dipun paringaken nabi Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun, lan ugi kaum Muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti estu lan leres. Mugi-mugi kito kelbet umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti estu-estu.

    Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

    Kulo wonten ngaj.eng panjenengan sedoyo niki atas nami wakil saking rombongan penganten jaler. Lan kulo bade matur lan nyampekaken pinten-pinten perkawis. Inggih meniko :

    — Kulo atas nami saking rombongan pengiring pengantin jaler nyuwun agunge pangapunten mbok beleh wonten lelampahan lan prilaku kito sedoyo ingkang kirang nyeceki utawi mboten sopan kados wonten meriki lan ugi ingdalem wicantenan lan lintu-lintunipun.

    — Kulo atas nami keluarga saking pengantin jaler inggih meniko bapak;…… sekeluarga nyampekaken salam dumateng keluarga estri inggih meniko bapak;…. Lan ucapanipun ingkang dipun sampekaken inggih meniko; ‘Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

    Semanten ugi bapak; …… sekeluarga nyampekaken salam dumateng keluarga penganten estri, ugi panjenenganipun nitip aken putronipun, ingkang dereng saget nopo-nopo niki, dereng nggadah pengalaman babar blas niki. Pramilo saking niku, ampun ngantos segan-segan lan abot meringi petedah lan petunjuk ugi

    nasehatipun. Keranten adik kulo; …… niki taksih merlukaken

    sanget bimbingan ugi petunjuk saking bapak;…..sekeluarga.

    Lan kulo tas nami rombongan pengiring penganten jaler niki nyuwun agunge pangapunten beleh nopo ingkang kulo aturaken kolo wahu wonten kelepatanipun.

    Akhirul Kalaam. Ihdinash shiraathal Mustaqiim. Wassala-mu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Pertanyaan Lainnya